Senin, 25 April 2016

Asal Usule Desa Soditan

Asal Usule Desa Soditan Padukuhan Patihan



Asal Usule Desa Soditan Padukuhan Patihan

Ing Lasem wonten desa ingkang asma Soditan. Jaman biyen, ing daerah wau wonten satunggalipun warga ingkang asma Mbah Sodito. Piyambakipun sesepuh ing mriku. Mbah Sodito anduweni bebudhen luhur. Rikala jaman semana, warga ing daerah wau awatak angkuh lan bebudhen ala. Mbah Sodito gadhah niat kangge ngubah tumindak ala para warga. Piyambakipun mucal agama lan tata krama marang warga. Keranten kauletanipun Mbah Sodito mucal, bebudhenipun warga saya suwe saya apik. Nanging mboten suwe, sawise bebudhenipun warga berubah apik, Mbah Sodito kapundhut dening Allah. Bektinipun Mbah Sodito marang warga punika gedhe banget. Nuli, kangge ngurmati bektinipun Mbah Sodito, daerah wau diparingi asma Soditan. Soditan mula bukane saka tembung “Sodito”.
Jaman sadurunge Indonesia merdeka, kathat banget peperangan ing daerah Rembang. Satunggalipun ing desa Soditan ingkang cedhak kalihan dalan Deandels. Rakyat padha berjuang ngelawan wong-wong landa supaya Indonesia merdeka. Ing Soditan bagian lor ingkang cedhak banget kalihan dalan Deandels, kathat banget warga ingkang pejah ing mriku. Warga-warga wau tumraping pahlawan kangge negara. Piyambakipun pejah keranten mejuangke Indonesia merdeka, kayata patih-patih ingkang prakasa lan abdi luhur marang negara. Nuli, daerah mriku diparingi asma padukuhan Patihan. Mula bukane saka tembung “Patih” ingkang anduweni makna pejuang utawi pahlawan.

Sejarah Lawang Ombo, Lasem  Penulis  Rahmad Ardiansyah   Diterbitkan  5:31 PM PENINGGALAN MASA BELANDA Lasem merupakan ...